TANGGAP WACANA MENGETI DINTEN PAHLAWAN 10 NOPEMBER
Assalamu’alaikum warohmatullahi wabarokatuh
Bapak-bapak,Ibu-ibu warga Negara Indonesia ingkang kinurmatan ing saben 10 nopember, bangsa Indonesia tansah mengeti dinten ageng inggih punika dinten Pahlawan. Kados sampun kacetha bilih rikala tanggal 10 Nopember 1945, ing kota Surabaya wonten prastawa perang ageng antawisipun arek-arek Surabaya ngusir penjajah ingkang mbonceng Inggris (Sekutu) lumarap ing tanah Jawi. Saking semangat arek-arek Surabaya lan kalajengaken pejuang rakyat ing daerah sanesipun. Ing salajengipun damel horeging donya,ngantos Dewan Keamanan PBB tumut campur tangan ngengingi prastawa punika.
Kanthi semboyan “ Rawe-rawe rantas malang-malang putung”. “mandheg ambleg, mundur ajur”. “mati siji tuwuh sewu”. Bapak-bapak, Ibu-ibu warga bangsa Indonesia Ing pengetan punika mboten kulo jlentrehaken sadaya prastawa Ing tanggal 10 Nopember 1945, nanging semangatipun ingkang kapendhet hikmahipun semangat perjuangan pahlawan kangge nindakaken pejuang ing babagan pembangunan. Kanthi rahmating Allah SWT, Pahlawan Indonesia sampun saged ngrebat wilayah Surabaya. Kulo mboten saged nglalekaken mekaten kemawon perjuanganipun arek Surabaya ingkang dipun pimpin dening panjenenganipun pejuang ageng, inggih punika semangat Bung Tomo, ingkang kanthi sora ngagungaken asmaning pangeran.
“Allahu akbar ! Allahu Akbar !” Jiwa lan semangat 10 Nopember taksih wonten ing jajaning bangsa Indonesia kangge mbangun negari Indonesia. Knthi berjuang “ Sepi ing pamrih rame ing gawe”. Kathah para pejuang ingkang dhepani bantala mbela bangsa lan negari. Kangge putra lan putu ing tembe. Pramila manga sesarengan nglajengaken punapa ingkang dados perjuanganipun para pahlawan.
Ing salebeting kita merdika kita taksih berjuang , mboten kangge merangi penjajah nanging kangge merangi kemiskinan lan kebodhohan, tumrap Bangsa Indonesia. Pramila mboten wonten awonipun, kangge ngenget jasa pahlwan, sumonggo ngeningaken cipta sakedhap kangge para pahlawan ingkang sampun gugur ing medhan juang. Mugi-mugi amal lan kesaenanipun ketampi ing sisihing Gusti.
Kulo cekapi semanten rumiyin atur kulo bilih wonten kiranging atur mawantu-wantu nyuwun pangaksama. Mugi-mugi bangsa Indonesia pinaringan sihing Pangeran. Nuwun
Wassalamu’alaikum warohmatullahi wabarokatuh
Commentaires
Enregistrer un commentaire